LBRY Block Explorer

LBRY Claims • pesan-terbaik-dari-masa-lalu-6

ca1ef1bdc379b43feed32d73f82d5ca564232c2e

Published By
Anonymous
Created On
7 Mar 2023 04:23:56 UTC
Transaction ID
Cost
Safe for Work
Free
Yes
PESAN TERBAIK DARI MASA LALU || PAKUBUWONO IV || WIRANGRONG || EPISODE 6-7
PESAN TERBAIK DARI MASA LALU || PAKUBUWONO IV || WIRANGRONG || EPISODE 6-7

1. dèn samya marsudèng budi | wiweka dipun waspaos | aja dumèh-dumèh bisa muwus | yèn tan pantês ugi | sanadyan mung sakêcap | yèn tan pantês prênahira ||

2. kudu golèk măngsa ugi | panggonan lamun miraos | lawan aja age sira muwus | dununge dèn kèsthi | aja age kawêdal | yèn durung pantês rowangnya ||

3. rowang sapocapan ugi | kang pantês ngajak calathon | aja sok mêtua wong calathu | ana pantês ugi | rinungu mring wong kathah | ana satêngah micara ||

4. tan pantês akèh ngawruhi | mulane lamun miraos | dipun ngarah-arah ywa kabanjur | yèn sampun kawijil | tan kêna tinututan | mulane dipun prayitna ||

5. lan maninge wong ngaurip | aja ngakèhkên supaos | iku gawe rêgêd badanipun | nanging măngsa mangkin | tan etung prakara | supata ginawe dinan ||

6. dèn padha gêmi ing lathi | aja ngakèhkên pêpisoh | cacah-cucah srêngên ngabul-abul | lamun andukani | dèn dumêling dosanya |

--- 20 ---

mring abdi kang manggih duka ||

7. lawan padha dèn pakeling | têguhana lair batos | aja ngalap randhaning sadulur | sanak miwah abdi | kănca rewang sapangan | miwah maring pasanakan ||

8. gawe salah graitaning | ing liyan kang sami anon | nadyan lilaa lananganipun | kang angrungu elik | ing batin tan pitaya | măngsa kuranga parawan ||

9. tan wurung dipun cirèni | ing batin ingaran rusoh | akèh jaga-jaga jroning kalbu | arang ngandêl batin | ing tyase padha suda | pangandêle mring bêndara ||

10. ana cacad agung malih | anglangkungi saking awon | apan sakawan iku kèhipun | dhingin wong madati | pindho wong ngabotohan | kaping tiga wong durjana ||

11. kaping sêkawane ugi | wong ati sudagar awon | mapan suka sugih watêkipun | ing rina lan wêngi | mung bathine dèn etang | alumuh lamun kalonga ||

12. iku upamane ugi | duwe dhuwit pitung bagor | mapan nora marêm ing tyasipun | ilanga sadhuwit | gêgêtun patang warsa | padha lan ilang salêksa ||

13. wong ati sudagar ugi | sabarang prakara tamboh | amung yèn ana wong têka iku | anggêgawa ugi | gêgadhèn pan tumranggal | ulate têka sumringah ||

14. dene wong durjana ugi | nora [no...]

--- 21 ---

[...ra] nana kang dèn batos | rina wêngi amung kang dèn etung | duwèking lyan nênggih | dahat datan prayoga | kalamun watêk durjana ||

15. dene bêbotoh puniki | sabarang pakaryan êmoh | lawan kathah linyok parapadu | yèn paitan ênting | tan wurung anggêgampang | ya marang darbèking sanak ||

16. nadyan wasiyating kaki | nora wurung dipun êdol | lamun mênang êndang gawe angkuh | pan kaya bupati | wèwèh tan ngarah-arah | punika awoning bangsat ||

17. kabutuh pisan mêmaling | tinitenan saya awon | apan botên wontên pênêdipun | pramilane sami | sadaya nginggahana | anggêgulang ngabotohan ||

18. dene ta wong kang madati | kêsède kamoran lumoh | amung ingkang dadi sênêngipun | ngadhêp diyan sarwi | linggih ngambèn jêjegang | sarwi leyangan bêdudan ||

19. yèn lèrèn nyêrèt adhidhis | netrane pan mêrêm karo | yèn wus dadi awake akuru | cahya biru putih | jalêbut wêdi tăya | lambe biru untu pêthak ||

20. bêtèke satron lan gambir | jambe suruh arang wawoh | ambêkane sarwi mêlar-mingkus | watuke anggigil | jalagra anèng dhadha | tan wurung ngêstob bolira ||

21. yèn mati nganggo dalinding | suprandene nora kapok | iku padha singgahana [sing...]

--- 22 ---

[...gahana] patut | aja na nglakoni | wong mangan apyun ala | uripe dadi tontonan ||

22. iku kabèh nora bêcik | aja na wani anganggo | panggawe patang prakara iku | dèn padha pakeling | aja na wani nêrak | kang nêrak tan manggih arja ||

23. lawan ana walêr malih | aja sok anggung kawuron | nginum sajêng tanpa măngsa iku | êndi lire ugi | angombe sabên dina | pan iku watêke ala ||

24. kalamun wong wuru ugi | ilang prayitnaning batos | nora ajêg barang pikiripun | elinge ing ati | pan baliyar-baliyar | êndi ta ing bêcikira ||

25. lan aja karêm sirèki | ing wanodya ingkang awon | lan aja buka wadi sirèku | ngarsaning pawèstri | tan wurung nuli corah | sampun lumrahing wanita ||

26. tan bisa simpên wêwadi | saking rupêke ing batos | pan wus pinanci dening Hyang Agung | nitahkên pawèstri | apan iku kinarya | ganjaran maring wong priya ||

27. kabèh dèn padha nastiti | marang pitutur kang yêktos | aja dumèh tutur tanpa dhapur | yèn bakale bêcik | dèn anggo wèh muphangat | kaya pucung lan kaluwak ||

lirik pupuh wirangrong, pupuh wirangrong barudak mangka ngalarti karaoke, download pupuh wirangrong barudak mangka ngalarti, pupuh wirangrong karaoke lirik, watek pupuh wirangrong nyaeta, lagu pupuh wirangrong mp3, pupuh wirangrong diwangun ku padalisan, pupuh wirangrong barudak mangka ngalarti, lirik pupuh wirangrong hey barudak, Misteri pintu air tegal wirangrong, pupuh wirangrong ngagambarkeun, pupuh wirangrong karaoke, watek pupuh wirangrong, contoh tembang wirangrong, makna pupuh wirangrong, video pupuh wirangrong, 12 pupuh wirangrong,

#seratwulangreh #kidungwulangreh #pupuhwirangrong

https://www.youtube.com/watch?v=_nsZeXMri80
Author
Content Type
Unspecified
video/mp4
Language
Open in LBRY